Wong Alas

Suku Alas, salah siji Suku ing Acèh
Suku Alas
Gunggung cacah jiwa
(kurang lebih 60.000 JIwa.)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Acèh Tenggara: 51.240 Jiwa
Basa
basa Alas.
Agama
Islam.
Golongan ètnik magepokan
suku Gayo, dan suku Karo.
Pèngetan pratuduh: Page using Cithakan:Infobox ethnic group with unknown parameter "lagu"

Wong Alas minangka salah siji suku ingkang papan dunungipun ing Kabupatèn Acèh Tenggara, Provinsi Acèh (ingkang ugi asring dipunsebut Tanah Alas). Tembung "alas" ing basa Alas ateges "tiker". Bab punika wonten gegayutanipun kaliyan kaanan wewengkon ing wekdal punika ingkang papanipun mbentang rata kados déné tiker ing sela-sela Bukit Barisan. Laladan Tanah Alas dipunlangkungi kathah kali, salah satunggalipun inggih punika Lawe Alas (Kali Alas).[1]

Sapérangan ageng Suku Alas dumunung ing désa lan gesang saking tetanén lan ternak. Tanah Alas minangka lumbung pari kanggé wewengkon Acèh. Nanging kejawi punika, Suku Alas ugi ngandhelaken kasil saking kebon karèt, kopi, lan kemiri, sarta pados manéka jinis kasil alas, kados ta kayu, rotan, damar lan kemenyan. Déné kéwan ingkang dipunternak inggih punika turangga, menda, kebo, lan sapi.[1]

Kampung utawi désa Tiyang Alas dipunwastani kute. Sawijining Kute limrahipun dipunangge déning satunggal utawi langkung klan, ingkang dipunsebut merge. Anggota satunggal merge asalipun saking satunggal nenek moyang ingkang sami. Pola gesang kekaluwargan inggih punika kebersamaan lan persatuan. Suku punika narik garis keturunan patrilineal, tegesipun garis keturunan kakung. Suku Alas ugi nganut adat eksogami merge, tegesipun jodhoh kedah dipunpadosi ing merge sanès.[2]

Suku Alas 100% minangka penganut agama Islam. nanging taksih ingkang wonten pitados kaliyan praktik perdhukunan kados ta ing kegiyatan tetanén. Suku Alas nindakaken upacara-upacara kanthi latar belakang kepercayaan tartamtu supados tetanenipun gadhah kasil ingkang saé ugi boten kénging hama.[3]

  1. a b "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-03-19. Dibukak ing 2012-12-23.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. AGARA ONLINE
  3. Budaya Aceh Tenggara[pranala mati permanèn]

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy